Text
Dom sumurup ing banyu
Siaaap!! Awas!! Spion! Spion! Spion!
Awas!! Mata-mata mungsuh!
Herlambang, dadi mata-matane Walanda, dening Luidelmeyer, perwira staf Intelligents Veiligheids Dienst mariniers Brigade te Surabaya, kajibah nlusup menyang tlatah Republik Indonesia liwat garis dhemarkasi Mojokerto. Perlune njupuk gambar wewadine rumus bangun kimia ing pabrik mesiu Batu Jamus duweke Republik Indonesia ing wilayah pereng kulone gunung Lawu. Kadibyane Herlambang ora baen-baen, marga dheweke sajrone Perang Donya II ing Pasifik wis mbiyantu pasukan US-Army ngrebut ngalahake pasukan Jepang ing pulo-pulo Saipan, Mariane, Iwo Jima, Tarakan, Luzon kang dikomandhoni Jendral MCArthur. Crita iki ngandhakake pengalamane Herlambang anggone dom sumurup ing banyu, mlebu ing tlatah Republik Indonesia sasi Agustus 1948, saka Mojokerto, Peterongan, Jombang, Madiun, lan sateruse. Apa lelakone kuwi tanpa alangan? Apa sidane marga kadigdayane Herlambang misine dadi spione Walanda kuwi kasil?
Ing ndalan Herlambang ketemu karo wong wadon Ngesthireni, kang pranyata uga kenya slundupan sing diadani dening Van Grinsven, perwira VDMB (Walanda) sing ngebroki Mojokerto. Sapa Ngesthireni, apa dadi bala apa mungsuh tumrape Herlambang? Ndadekake crita spion iki mbulet nratapake ati.
021/PST/KU/2021 | 899.222 3 SUP d | PERPUSTAKAAN SASANA ABHIPRAYA SMAN 1 TALUN (Koleksi Umum (KU - 800)) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain