Text
Novel Jawa : prau layar ing kali Opak
Ora mung wareg lan lega merga rasa ‘sambel welut’ pancen enak, nanging warung iki bisa dinggo patuladhan wong-wong desa. Ingatase kalen cilik lan lendhut ing sawah bisa dadi sumber rejeki. Ing kalen wader kari njaring. Ora ngopeni, ora makani, ora nyebar winihe, ngerti-ngerti manen asile. Sapa ta sajane kang ngingu wader ing kalen-kalen? Semana uga welut kang urip ana lendhut. Sapa sing nyebar winihe, sapa sing makani, sapa sing ngopeni? Wong-wong rak mung kari nggoleki nengendi anggone ndhelik? Yen wis ketemu banjur dicekel, disetorke neng warung oleh dhuwit. Menawa lendhut lan kalen wae bisa dadi sumber rejeki, kudune kali gedhe uga bisa. Apa maneh segara sing jembare paribasan ngluwihi lemah. Lha kena apa wong-wong kok padha ora nglirik segara minangka dadi sumbering rejeki?
049/PST/KU/2022 | 899.222 3 BUD n | PERPUSTAKAAN SASANA ABHIPRAYA SMAN 1 TALUN (Koleksi Umum (KU - 800)) | Tersedia |
050/PST/KU/2022 | 899.222 3 BUD n | PERPUSTAKAAN SASANA ABHIPRAYA SMAN 1 TALUN (Koleksi Umum (KU - 800)) | Tersedia |
051/PST/KU/2022 | 899.222 3 BUD n | PERPUSTAKAAN SASANA ABHIPRAYA SMAN 1 TALUN (Koleksi Umum (KU - 800)) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain